Tahun 2024 ini rakyat Indonesia akan mengadakan perhelatan besar: Pemilu untuk meneruskan regenerasi kepemimpinan. Ada banyak pendapat bahwa Indonesia sedang mengalami "democracy backsliding" sehingga kualitas hasil Pemilu kali ini banyak diragukan. Betulkah?
Maret 2024
Hari ini
Mg Sn Sls Rb Kms Jmt Sbt
252627282912
3456789
10111213141516
17181920212223
24252627282930
31123456
 

Gender Barung
Gambir Sawit Slendro Pathet 9
20 Juni 2013
Gambir Sawit kalebet sekar gendhing ingkang panjang lan asring dipun ungelaken wonten in adicara Uyon-uyon Manasuka. Garap genderan barung kedah migatosaken rancaking kendhang minangka bawa iramanipun. Mliginipun ing perangan Pangkat Dhawah, panggender kedah saged mbedakaken antawisipun irama 2 lan irama 4, kanthi tansah nyawiji kaliyan ungeling kendhang. Gerongan dipun wiwiti wonten ing 3 gatra ingkang pungkasan. Tembangipun mawi Sinom utawi Asmaradana. [selengkapnya...]
 
Ketawang Puspawarna, Slendro Manyura
12 Agustus 2012
Gendhing Ketawang Puspawarna ingkang jangkep wonten 7 gatra. Gendhing menika cocog menawi kababar wonten ing wekdal mirunggan kagem mirengaken uyon-uyon manasuka. Cengkok gender estunipun kalebet gampil dipun apalaken; Kuthuk Kuning, Tumurun, Dhuwa Lolo, lan Ela-elo. Nanging penabuh kedah terampil ugi ngginakaken cengkok gantungan lan tambahan supados jumbuh kaliyan tabuhan slenthem. Sumangga para sutresna kawula aturi nyobi tabuhanipun lan ngapalaken geronganipun. [selengkapnya...]
 
Ladrang Sri Slamet Slendro Manyura
09 Agustus 2012
Benten kaliyan Ladrang Pangkur ingkang luwes, notasi genderan kagem Ladrang Sri Slamet langkung njlimet lan kedah dipun apalaken piyambak dening penggender pemula. Nanging estunipun kathah wanda ingkang namung ngambali cengkok nduduk utawi gantungan. Kagem wiraswara ingkang nggadhahi vokal inggil, gendhing menika cocog lan sampun saged ngresepaken swasana kanthi namung dipun wongsal-wangsuli. [selengkapnya...]
 
Ladrang Pangkur Manyura
08 Agustus 2012
Pangkur kalebet ladrang ingkang luwes, saged dipun garap mawi laras Slendro pathet 9, laras Slendro pathet Manyura, utawi laras Pelog Barang. Menawi penabuh gender sampun apal cengkok-cengkok Slendro pathet 9, estunipun notasi gender kagem Slendro pathet Manyura mboten dipun betahaken. Kita cekap nggeser caranipun nabuh gender setunggal wilah nengen. Nanging kagem pedhoman nyinau laras Manyura, ing mriki kawula unggah notasi gender Ladrang Pangkur Lamba laras Slendro pathet Manyura. Sumangga. [selengkapnya...]
 
Ketawang Sinom, Slendro 9
05 Agustus 2012
Genderan ingkang kedah mawi variasi cengkok lan tambahan langkung ketingal wonten ing gendhing Sinom. Kejawi cengkok prasaja kados dene Kuthuk Kuning, Dhuwa Lolo, lan Tumurun, penabuh gender kedah terampil ngginakaken cengkok Jarik Kawung, Ela-elo, lan tambahan variasi kanthi gerong lan waranggana ingkang susul-susulan. Gendhing Sinom ngemu gatra ingkang paring pitutur sae lan pangertosan ing babagan kautamanipun gesang. [selengkapnya...]
 
Pangkur Dhawah, Slendro 9
04 Agustus 2012
Wekdal mirunggan kagem mirengaken uyon-uyon utawi pambukaning pahargyan, Ladrang Pangkur saged dipun lajengaken Pangkur Dhawah, Slendro 9. Notasi gender ingkang kawula inggah ing mriki sampun kedah ngginakaken cengkok ingkang mawarni-warni. Kejawi Kuthuk Kuning, Dhuwa Lolo, lan cengkok Tumurun ingkang corakipun wonten tiga, penabuh Gender kedah sampun apal cengkok Puthut Gelut kalajengaken Dhebyang-Dhebyung ingkang kedah dipun latih ambal-ambalan. Wonten ing sak perangan gatra, ugi dipun tambah variasi mawi cengkok-cengkok gantungan lan cengkok khusus. [selengkapnya...]
 
Ladrang Pangkur Lamba, Slendro 9
04 Agustus 2012
Ladrang Pangkur kalebet gendhing ingkang gampil dipun iringi mawi gender. Wonten ngriki kawula aturaken cengkok-cengkok kagem Ladrang Pangkur ingkang ringkes, saged ugi kawastanan Pangkur Lamba utawi Pangkur Jugag. Kagem para sutresna ingkang nembe sinau cengkok, Pangkur Lamba saged dipun iringi mawi cengkok ingkang gampil, inggih menika: Kuthuk Kuning, Dhuwa Lolo, lan Tumurun. Sinaosa namung cekak, genderan Pangkur Lamba sampun ngresepaken lan saged dipun cobi ngantos ambal-ambalan. [selengkapnya...]
 
Ketawang Subakastawa, Slendro 9
04 Agustus 2012
Untuk menyeimbangkan fungsi otak kanan dan otak kiri, saya berusaha terus menyalurkan hobby atau kegemaran. Untuk olah-raga, tujuannya jelas: supaya kebugaran dan kesehatan tetap terjaga. Ada beberapa hobby olah-raga yang pernah saya tekuni. Pada waktu masih sekolah di SMA dulu saya paling sering berolah-raga bela diri, terutama pencak silat dan kungfu. Ketika mahasiswa, saya sering melakukan olah-raga yang lebih menantang, yaitu: naik gunung. Tetapi kedua jenis olah-raga itu kini sudah saya tinggalkan karena tampaknya tidak cocok lagi dengan usia saya. Ketika menjadi asisten dosen, saya mulai belajar tenis lapangan. Kadang-kadang saya juga bermain ping-pong dan berenang. Tampaknya olah-raga yang tetap menarik bagi saya adalah tenis dan renang. Disamping karena tipe permainan ini tetap cocok bagi orang yang berumur separuh baya, tenis dan renang juga tetap menyenangkan. Tapi yang ingin saya bagi di sini adalah hobby saya bermusik. Kalau ada waktu, saya masih bermain gitar. Disamping alat musik ini cukup mudah untuk bernyanyi sendiri atau mengiringi teman yang ingin bernyanyi, alat musik ini harganya relatif murah. Belakangan ini, saya punya hasrat yang meluap-luap untuk menekuni musik tradisional Jawa. Gender adalah salah satu instrumen yang membuat saya benar-benar penasaran. Nada suaranya benar-benar menyejukkan dan bisa juga digunakan langsung untuk mengiringi orang yang nembang, bernyanyi bahasa Jawa. Sayangnya, tidak banyak notasi Gender yang bisa dijadikan rujukan oleh para pemula. Saya coba berbagi notasi Gender lewat blog ini. Para sutresna, keparenga kawula nginggah notasi Gender sinambi sinau cengkok-cengkok ingkang sakalangkung njlimet. Boten kathah rujukan kagem sinau Gender amargi racakipun gamelan Jawi mila mboten mawi notasi ingkang jangkep kados dene musik Barat. Mangga, mugi-mugi saged manpangati.... [selengkapnya...]
 
   Copyright © 2020 Wahyudi Kumorotomo. All rights reserved.