Tahun 2024 ini rakyat Indonesia akan mengadakan perhelatan besar: Pemilu untuk meneruskan regenerasi kepemimpinan. Ada banyak pendapat bahwa Indonesia sedang mengalami "democracy backsliding" sehingga kualitas hasil Pemilu kali ini banyak diragukan. Betulkah?
Maret 2024
Hari ini
Mg Sn Sls Rb Kms Jmt Sbt
252627282912
3456789
10111213141516
17181920212223
24252627282930
31123456
 

Slenthem
Ketawang Ibu Pertiwi, anggitanipun Ki Narto Sabdo
22 Juni 2013
Ketawang Ibu Pertiwi anggitanipun Ki Narto Sabdo punika mujudaken gendhing ingkang paling populer wonten ing pahargyan Temanten. Menawi gendhing-gendhing Jawi ingkang dipun ungelaken rikala para tamu nembe dhahar, sampun saged dipun pesthekaken menawi pranatacara ngabani niyaga supados mbabar Ketawang Ibu Pertiwi punika. Cakepan gender lan slenthem ugi kalebet gampil dipun apalaken. Ing riki kawula inggah balungan slenthem kanthi laras Pelog Pathet 5. Sumangga dipun cobi. [selengkapnya...]
 
Ladrang Pangkur Laras Pelog Pathet 5
21 Juni 2013
Ladrang Pangkur ugi saged dipun garap mawi Genderan lan balungan Slenthem kanthi laras Pelog pathet 5, utawi ingkang kaliyan sawetara winasis dipun sebat Pelong Bem. Swasana laras Pelog benten kaliyan swasana laras Slendro. Garapan Slenthem ugi sakalangkung nengsemaken bilih para sutresna mirengaken ladrang Pangkur ingkang dipun garap mawi Pelog Barang lan Pelog Bem utawi Pelog Pathet 5. Namung para pandhemen ingkang lantip ing babagan budaya luhur ingkang saged mbentenakan kekalih laras ladrang Pangkur menika kanthi pratitis. [selengkapnya...]
 
Ladrang Pangkur Laras Pelog Pathet Barang
20 Juni 2013
Saestu bilih ladrang Pangkur mila kalebet gendhing cekak ingkang luwes, amargi saged dipun garap mawi laras Slendro, Pelog Barang lan ugi Pelog Bem. Wonten ing riki kawula unggah balungan Slenthem ladrang Pangkur mawi laras Pelog pathet Barang. Garapan gender meh sami kaliyan Slendro Pathet Manyura, ananging ungeling gendhing mahanani swasana Pelog ingkang langkung populer lan dhinamis. Sumangga. [selengkapnya...]
 
Ladrang Sri Slamet Laras Pelog Pathet Barang
20 Juni 2013
Kagem para niyaga enggal, ladrang Sri Slamet ingkang dipun garap mawi laras Slendro Manyura saged dipun trepaken wonten laras Pelog Barang. Suwanten lan swasana mila benten, naning garapan genderipun meh sami. [selengkapnya...]
 
Ladrang Sri Slamet Slendro Manyura
04 Agustus 2012
Ladrang Sri Slamet (ugi kasebut Ladrang Wilujeng) kalebet gendhing cekak ingkang asring kapireng wonten ing kelompok Cokekan. Saged dipun garap namung mawi Gender Barung, Siter, Kendhang, lan Slenthem. Gendhing ladrang menika saged mahanani swasana tentrem lan ugi prayogi dipun wedharaken kangge ngisi wekdal ing satunggaling pahargyan. Gerongan ingkang cocog inggih menika Kinanthi Jugag. Nanging saged ugi mawi gendhing rakitan ingkang dipun damel piyambak dening kelompok Karawitan. [selengkapnya...]
 
   Copyright © 2020 Wahyudi Kumorotomo. All rights reserved.